share THR #1

tugas bahasa jawa ni teman, saya ambil dari beberapa blog dan aku edit edit sampai mudah dihafal. 

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak Kepala Sekolah ingkang tansah kinabekten
Bapak / Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan saha
Kanca- kanca sedaya ingkang kula tresnani

Saderengipun kula ngaturaken babagan Dinten Proklamasi Kamardikan RI, langkung rumiyin kula ndherekaken dhateng panjenengan sedaya, sumangga sami ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas lan Asih, inggih awit saking kamirahanipun kita sedaya saged makempal  ing ngriki kanthi kebak ngrawuhi adicara mengeteni dinten Kamardikan Indonesia ingkang kaping 65.
Salajengipun kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga sampun kapareng rawuh ing papan punika.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Wonten ing kesempatan menika, kita ngenang malih peristiwa ingkang penting. Puluhan ewu taun kita dipunjajah dening Walanda, lajeng Walanda kawon Jepang mlebet Indonesia. Indonesia dipunjajah malih. Kirang lankung   3 ½ taun dipunjajah, pungkasanipun Indonesia ngawontenaken proklamasi. Proklamasi punika sanes hadiah saking penjajah, ananging asil perjuangan para pahlawan ingkang sampun gugur ing medan perang. 17 Agustus 1945 teks proklamasi diwaos kaliyan bapak Ir.Soekarno. Lajeng proklamasi disebaraken. Indonesia sampun bebas saking penjajah. Upacara proklamasi kamardikaan Indonesia singkat lan sederhana, namung peristiwa menika damel perubahan ingkang luar biasa kagem bangsa Indonesia. Peristiwa menika, nandai bangsa lan negara Indonesia ingkang mardika lan berdaulat.

Para sedherek sedaya ingkang bagya mulya,
Rahmating Allah ingkang awujud kamardikan punika mujudaken rahmat ingkang kedah kita jagi. Kamardikan punika mboten dawah saking langit, para pahlawan sampun ngurbanaken bandha, tenaga, lan jiwa murih bangsa lan negara.

Negari Indonesia punika saleresipun dereng mardika, amargi taksih kathah kabudayan lan asil bumi ingkang sampun dipunkekahi dening tiyang manca. Ing Indonesia pemuda-pemudinipun malah remen niru kabudayan kulon, tuladhanipun dance lan band. Sarto sampun ngluputake dening kabudayanipun piyambak, tuladhanipun njoged cara jawi.

Kita kadang mudha kudu lajengaken perjuanganipun para pahlawan nyampurnakaken hasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari mardika punika amrih makmur. Generasi dene generasi sampun benten. Ewunan lan puluhan ewu pahlawan sampun gugur wonten ing medan perang. Saengga, kita kedah ngisi kamardikan ingkang dicapai kaliyan mujudaken cita-cita proklamasi kamardikan Negara Republik Indonesia, yaiku nyiptakaken keadilan, kemakmuran, kaliyan kesejahteraan rakyat Indonesia ingkang adhedasar wonten ing Pancasilan. Boten luput, kita ugi andedonga kaliyan Gusti Allah, mugi-mugi sedaya usaha kita saged diparingi restu wonten Gusti. Amin.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Mangga ing kalodhangan punika kula ngajak supados sedaya rawuh saged nuwuhaken watak ingkang saged ngrembakaken semangat nasionalisme tumrap bangsa lan negara saengga saged sareng sareng mbangun nagari ingkang kita tresnani punika.

Mekaten atur sepala saking kula, bilih kathah lepat salahipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

nah gimana ?  
habis lebaran harus fight maju didepan audience 
wish lucky :)